Senin, 28 November 2011

SANG PAMOMONG


Sang Pamomong
Miyak Falsafah Kejawen Ketangga
KETANGGA kalebu kejawen deles. Sekawit pancen akeh
sing mbatang, ketangga minangka jeneng laladan sepi
(Alas Ketangga) sing mapan ing wilayah Ngawi, Jawa
Timur. Papan iku pancen cocog kanggo menebake batin,
laku spiritual kejawen.
Mung wae, bareng aku ngrungokake andharane Drs GPH
Dipokusumo, pangageng Parentah Karaton Surakarta
Hadiningrat nalika Sarasehan Nasional Spiritual Jawa,
ing Sasana Mulya Surakarta, ora ngira jebul ketangga
iku unen-unen filosofis-psikologis kejawen kang
dhuwur.
Lire, ketangga iku dumadi saka jarwa dhosok keteging
angga (keteging awak). Ketangga mujudake krenteging
jiwa (cipta, rasa, lan karsa) nalika urip makarti.
Keteging angga kuwi babaring kandha jiwa, sing
blakasuta, ora bisa diapusi. Keteg iki mujudake wohing
olah batin (rasa). Mula, Sinuhun Paku Buwana IV ing
Serat Wulangreh wis dhawuh: “Rasa rasaning punika
upayanen darapon sampurna ugi ing kauripanira.”
Tegese, sajroning urip, manungsa prelu nguwasani rasa.
Rasa, tumrape wong Jawa, ora liya ati, uga batin.
Wong sing bisa ngendhaleni batin ateges “Jawa” tenan.
“Jawa” tegese bisa ngeja hawa (nguja hawa), maca
playune hawa nguwasani batin.
Batin iku mobah-mosik njur nglairake osik. Lamun batin
bisa dikuwasani kanthi pamanthenging pikir, intuisi
bakal muncul. Intuisi kuwi prentule driya kaping nem,
ngluwihi feeling (rasaning ati). Sing alus daya
intuisine adat saben bisa maca glagating jaman lan
kebat srengate wong liya.
Wong mau kanthi lambaran ketangga bisa nguwasani
ngelmu agal-alus. Krenteging angga kasebut bakal dadi
nurani (net). Neting batin iki kang nuntun marang iman
lan pandaya. Kanthi mangkono, kabeh kang ditindakake
manungsa ora bakal selang surup, merga wis sumurup
paraning batin.
Parane batin iku osik. Osik mujudake polahe batin.
Krana osik, batin dadi urip. Urip kang diwuwuhi
ketangga. Menawa manut wejangane Kangjeng Sunan
Kalijaga, polahe batin iku bakal thukul dadi cawang
telu.
Sepisan, batin cacat, iki wujud ketangga kang ora
wening, ora istikamah. Batin ngene iki bakal
mblusukake manungsa tekan tumindak reged utawa kleru
arah (fallacy). Wusana manungsa kesurang-surang,
tansah nandhang kecingkrangan batin salawase, sanajan
urip numpuk bandha donya.
Kapindho, batin kang garing (mati). Tegese batin sing
nistha. Batin kasebut wis dikemonah hawa nepsu. Wong
Jawa ngarani menungsa mau wis mati rasane. Kadhang
kala wong mau wis ora nduwe isin, tanpa kapribaden
Jawa. Uripe mung tansah nglantur.
Katelu, batin urip. Tegese, polahe batin kang resik.
Iki wujude ketangga kang suci, nuntun marang
karahayon.
Wong sing nguwasani polahe batin, keteging angga bakal
murub makantar-kantar mawa cahya lungid. Dheweke nduwe
watak eling lawan waspada. Kang ditengenake wudharing
panembah jati. Panembah bakal nuntun marang kosmogoni
sangkan paraning dumadi. Bab iki prelu disumurupi
kanthi tapis, amarga unen-unen Jawa wis pratela:
“Reretuning jagad tan bisa sinirep limpading budi”.
Tegese, angkara murka kang mumbul saka hawa nepsu
angel ditelukake dening nalar lan bebuden lamun ora
dilambari panembah.
Amrih bisa tekan anggone nyilemi ketangga, jiwa kudu
teguh lan tinarbuka. Cak-cakane laku, ora liya patrap
manekung (semedi, manengku puja). Krana manekung,
batin bakal grayah-grayah. Sumurup ing rasa, munjuk
tekan rasa sejati kawedhar. Batin saya resik, bisa
maneges marang kasunyatan. Najan ngonoa, manungsa
tetep pasrah. Jer unen-unen Jawa wis nyethakake:
“Kridhane ati ora bisa mbedhah kuthaning pesthi”.
Tegese, manungsa mung bisa mbudi daya, dene pesthi
gumantung Kang Mahasuci. Pesthi iku sejatine tumuju
kabecikan. Ewadene ye ana sing ala, iku dumadi saka
wiradate manungsa.
Ngono iku wis didhadha dening wong Jawa. Buktine, para
luhur biyen mesthi nyasmitani, yen nulis (aksara) Jawa
kudu nggandhul garis tur ndhoyong nengen. Nggandhul
garis tegese mung cumadhong, pasrah sumarah. Ndhoyong
nengen ateges tumindak kang bener.
Yen anggone nulis aksara jejeg, dianggep ndhisiki
kersa (nggege mangsa). Karomaneh, panulise aksara
prayoga kandel-alus. Kandel-alus nuwuhake yen urip iku
owah gingsir, amrih pikoleh, tinemu harmoni.
Wong sing bisa ngerti marang ketangga ateges sumurup
marang jati dhirine. Dheweke wis sembada ngliwati
telung tataran urip. Sepisan, dadi “wong” (kang durung
pati gaduk ngelmu sepuh). Celathu lakune isih sok
ngumbar hawa, kaya kewan najan blegere wong. Iku figur
wong pengawak kewan. Ewasemono, isih ana ketangga kang
tumuju marang tobat. Isih ana sapletik batin, kepengin
ndandani urip, bali marang kabecikan. Suwalike, yen
anggone bali becik mau nganti kesuwen, ana sing sok
ngarani pawongan mau “wong-wongan”, dudu wong.
Yen ngene iki, ateges ketangga luwih menang amarah,
supiyah, lan aluamahe. Mutmainahe ketutup, wusana
uripe ora kajen.
Kapindho, dadi “manungsa” (wis ngerti udanegara).
“Manungsa” iku tataran madya. Keteging angga manungsa
luwih jumulur ing watak budi luhur. Dheweke gelem
njaga katentremen, dhemen tapa ngrame lan urip kanggo
sapadha-padha. Watak manungsa nduwe kamanungsan, bisa
ngrasakake lara yen dijiwit, krasa kepenak yen dialem
(dikudang). Mulane, urip dadi saya nggenah, ora
degsiya. Ketangga kang ngembangi uripe, bisa nyariing
bener-luput lan ala-becik. Wusana, uripe saya kepenak,
bisa karyanak tyasing sasama.
Katelu, dadi “jalma”. Jalma ana tatarane maneh, yaiku
jalma pinilih, jalma linuwih, lan jalma satriya
pinandhita. Ing tataran iki, katangga wis munjuk
dhuwur tekan urip sing nembang pangkur (mungkurake
donya). Urip kanggo makrifat. Sumangga, arep dadi
“wong”, “manungsa”, apa “jalma” -ngenut iline
ketangga.
Bumigeni.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar