Rabu, 15 Februari 2012

WAYANG


Wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang wujud 2 dhimensi utawa wujude 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora pati akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.


dhalang lan wayangé ing Australia
 
e-wayang kang tinatah lan sinungging mawa media digital
Crita kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang ngéné iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.
Ing pagelaran iku wayang ditanjepké ing debog ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Ing tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar.
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi..
Sajarah
Para ahli durung ana kang bisa mesthèkaké kapan wayang wiwit ana ing Indonésia. Nanging yèn ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kira-kira wis ana sadurungé agama Hindu mlebu. Nalika kuwi lakon wayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk seka India. Pagelaran iki dienggo srana nyembah marang roh leluhur.
Sawetara anggitan sastra jaman Mataram anyar akèh kang nulis perkara sajarah wayang. Nanging, para ahli sajarah ora sarujuk marang apa kang tinulis ing kono amarga ora cocok marang cathetan lan tinggalan sajarah kang wis ana.
Prasasti paling kuno ana ing abad kaping IV Masehi. Prasasti ngemot ukara mawayang kanggo pagelaran pahargyan sima utawa bumi perdhikan. Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Ing kono tinulis si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Artiné kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara."
Agama Hindu kang mlebu ing Nusantara gawé crita wayang béda karo asliné. Crita Ramayana lan Mahabharata wiwit dienggo kanggo dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), akèh crita seka India kang mlebu lan digawé gagrag jawané. Wayang wiwit nyebar ing ngendi-ngendi nalika Majapahit nguwasani Nusantara.
Crita-crita kang asliné seka India iku pungkasané wis geseh karo mauné. Para pujangga Jawa gawé crita dhéwé kanggo mepaki apa kang wis ana. Ing Pedhalangan, crita-crita iki sinebut lakon carangan.
Jaman Islam mlebu, Walisanga uga nganggo wayang ing panyebarané. Ing jaman iki wiwit ana Wayang Menak. Gagrag-gagrag tambah akèh ngepasi Mataram anyar. Walanda kang digdaya gawé kraton Surakarta ngracik akèh crita wayang kanggo nglelipur ati.
Indonésia merdika uga nyumbang gagrag wayang kang manéka warna. Manéka warna wayang mau ana kang tetep digelar ana kang mung urip ing jamané dhéwé. Wayang kang paling akèh dienggo yaiku wayang kulit purwa.
 
Wayang Bali
Sebutane Wayang
Yèn dijupuk seka ukarané, wayang kuwi seka wewayangan, amarga pagelarané ana ing wayah wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki wis ora bisa diugemi manèh. Wayang dadi ora mligi bonéka kang ana wewayangané. Wayang golèk kang digawé seka kayu ora ngandhelaké wewayangan. Ukara wayang wis dadi pagelaran bonéka kang digelar déning dhalang.
Umumé, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang iki digawé seka tatahan kulit kèwan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana.
Manéka Warna Wayang
Wayang ing tanah Jawa
  • Wayang Bèbèr yaiku wayang kang digawè saka kain utawa kulit lembu kang awujud bèbèran (lembaran). Saben bèbèran kuwi nggambarakè sakadegan crita. Yen wis rampung dilakonkè, bèbèrane digulung manèh. Wayang iki digawè jaman krajaan Majapait. Wayang iki asalè saka Pacitan lan Gunung Kidul.  Wayang iki digawè kanthi kuwat ing bab rong dimensinè kanthi seni lukis ing kanvas. Wong-wong kang nglèstarèkakè wayang iki yaiku: Musyafiq kanthi gawè wayang bèbèr kang narasinè paraga-paraga wayang, Suhartono kanthi luwih nyiptakake figur wayang kang corakè dèkoratif lan ornamèntik, Agus Nuryanto gawè wayang bèbèr kanthi saka wujud wayang purwa banjur diabstraksi saka rèalitas uripè manungsa ing saben dinanè.
  • Wayang Gedhog:Wayang iki wujudè mèh padha karo wayang kulit. Kang digawè kurang luwih taun 1400-an. Sumbèring crita saka crita raja ing Jawa, antaranè Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lsp. Wayang iki mung bisa ditemokakè ana musèum.
Dhèwèkè menehi tuturan "Yèn ta diwènèhi panjang umurè nganti 100 taun, dhèwèkè bakal terus ndhalang, sabab ing njero wayangan kang lumrahè digawè dadi panglipur lara iku ana ajaran-ajaran, pepèling-pèling kang manfaati tumrap uripè manungsa."
Wayang kang digawè saka dluwang kang digambari wayang awujud kèwan-kèwan. Wayang iki nyitakake babagan donyanè kèwan kang dadi sarana reflèksi saka donyanè manungsa. Ana wayang iki disarujuki ora ana sing dadi dhalang kang lumrahè tunggal dadi sakabèhing paraga ana wayang, banjur sapa waè bisa dadi dhalang, kang bisa prasaja gunemanè.
Wayang ing tlatah liya
Lakon Wayang
Gagrag ing Tanah Jawa
Pagelaran wayang kang sumrambah ing tanah Jawa agawé variasi kang manéka warna. variasi utawa jinis iku kang asring sinebut gagrag. Gagrag wayang ing tanah Jawa antarané:

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar