Kamis, 02 Februari 2012

Gunungan


Gunungan inggih menika gambar wayang ingkang wujudipun kados gunung.Salebetipun gunungan wonten gambar lawang kados déné gerbang, ingkang dipunjagi déning buta cacah kalih cepengan gada lan tébéng. Gunungan ing pawayangan ugi asring sinebat Kayon. Sanésipun gunungan menika nggambaraken kerajaan, gunungan ugi kanggé pratandha giyaran wayang badhé dipunwiwiti. Gunungan utawi kayon wiwitanipun dipunripta déning Radèn Patah. Winastan gunungan amargi wujudipun mèmper gunung limrahipun.Gambar wayang menika dipunginakaken saben pagelaran wayang (wayang purwa, wayang krucil, wayang golèk, wayang gedhog, wayang suluh, lan sanésipun).

Jinisipun Gunungan

Mituhu wujudipun, gunungan utawi kayon saged dipunpérang dados kalih, inggih menika:
  • Kayon Gapuran, wujudipun radi alit kanthi gambar gapura. Sisih kiwa tengenipun dipunjagi déning buta utawi raseksa. Sisih wingking kayon wonten gambaran utawi wewujudan geni warna abrit.
  • Kayon Blumbangan, wujudipun radi ageng lan langkung endhèp upami dipunbandhingaken kaliyan kayon gapuran. Sisih ngandhapipun wonten gambar kolam kanthi toya wening, samadyanipun kayon wonten gambar ulam cacahipun kalih ingkang sami adhep-adhepan, lan sisih wingkingipun wonten gambar segara ingkang warninipun sami kaliyan warni langit.

Gambar Salebetipun Gunungan

Sedaya gambar ing salebetipun gunungan inggih menika:
  • griya éndah kanthi undhag-undhagan ingkang cacahipun tiga lan korinipun dipunrengga gambaripun Bethara Kamajaya ingkang adhep-adhepan kaliyan Dèwi Ratih,
  • buta utawi raseksa ingkang sami adhep-adhepan, kanthi mbekta gada utawi pedhang jangkep kaliyan taméngipun,
  • naga ingkang ngghadhahi swiwi kalih,
  • alas ingkang dipunrengga dening para kéwan,
  • macan ingkang adhep-adhepan kaliyan banthèng,
  • wit-witan ageng ing tengahipun alas, dipunubeti déning sawer,
  • makara ing tengahipun wit,
  • kethèk cacahipun kalih lan lutung ingkang mapan ing wit,
  • pitik alas cacah kalih ing sanginggilipun wit-witan.

 

Ginanipun Gunungan

Gunungan ing pagelaran wayang gagrag Yogyakarta.
Gambar-gambar salebetipun gunungan nggambaraken saisining jagad raya jangkep kaliyan isinipun. Gunungan ing pagelaran wayang nggadhahi jejer ingkang wigati.
  • Minangka tandha pagelaran wayang badhé dipunwiwiti, inggih nalikanipun gunungan dipunbedhol ing tengah-tengahipun kelir, lajeng dipuntancepaken ing sisih tengen.
  • Minangka tandha gantosipun jejer lan ugi dipunginakaken dhalang kagem nggambaraken owah-owahanipun swasana.
  • Minangka tandha gantosipun pathet.
  • Nggambaraken tumuruning wahyu saking déwa, angin, lan sanésipun.
  • Nggambaraken geni, inggih menika kanthi malik gunungan ingkang sisihipun nggadhahi gambar geni.
  • Minangka sarana dhalang anggenipun nggambaraken medalipun kekiyataning paraga wayang.
  • Minangka tandha purnanipun pagelaran wayang, kanthi nancepaken gunungan ing tengah-tengahipun kelir.

Werdinipun Gunungan

Gunungan saged dipunmaknani:
  • Gunungan saged dipunmaknani minangka lambang pancer, inggih menika jiwa utawi sukma. Kajawi menika, wujudipun ingkang arupi wajik (segitiga) nggadhahi teges manungsa menika kagungan unsur cipta, rasa, lan karsa. Lambang gambar pesagi (segiempat) ngemu werdi, manungsa nggadhahi sekawan sadhérék. Sadhérék kasebat inggih menika (1) siti, (2) geni, (3) toya, lan (4) hawa utawi angin.
  • Gunungan minangka lambang alam ing pawayangan. Mituhu kapitayanipun Hindu, segi makrokosmos gunungan ingkang dipunputer-puteraken kaliyan dhalang, ngetingalaken campuhipun sedaya piranti dados satunggal. Salajengipun, samudayanipun dados wewujudan donya saisinipun.
  • Gunungan ngadhahi werdi, minangka tandha panguripan. Saben gambar ing gunungan, ngetingalaken saisining piranti ing sajroning jagad. Wiwit saking manungsa, kéwan, alas, lan samudayanipun. Wujud gunungan arupi limas (segilima), nggambaraken gangsal wekdal ingkang kedah dipunlampahaken déning manungsa muslim. Wujud lancip menika nggadhahi werdi gandhéng cénéng antawisipun manungsa kaliyan gustinipun. Gambar wit minangka pratandha ingkang mbabaraken digdayanipun Gusti Ingkang Maha Wikan, ingkang sampun maringi pangayoman dhumateng sedaya titah ing ngalam donya. Sedaya kéwan ingkang karipta ing gunungan nggadhahi 3 (tigang) teges, (1) sipat, (2) bebudén, lan (3) watek, ingkang dipungadhahi saben manungsa. Gambar sirah raseksa utawi buta nggambaraken kahanan manungsa ingkang gesangipun ing ngalam donya nggadhahi sipat rakus lan awon kados sétan. Gambar ilu-ilu geni nggambaraken lampahipun gesang manungsa karidhu déning maneka warna godha, coba, bebaya, lan sanés-sanésipun. Gambar segara ngemu pratandha ingkang njléntrehaken pikiranipun manungsa. Gambar buta nyepeng gada nggadhahi werdi panjagining rasa ing ngalam peteng lan padhang. Gambar Joglo mbabaraken kahananipun negari ingkang aman lan tenterem, awit sampun kinayoman déning ngrembakanipun wit-witan lan isén-isén sanésipun. Gambar raseksa minangka lambangipun menungsa ingkang kirang tata.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar